Qultu ___Man Ana?

Foto saya
Surabaya, Jawa Timur, Indonesia
Dilahirkan di lereng gunung Lawu,Magetan 1990 silam dengan nama Jarot Amirudin bin Sunarto bin Shalihin. Mengenal dakwah tatkala remaja setelah sebelumnya berkutat dengan macam - macam sampah pemahaman. Kini Jarot memiliki nama baru : Abdurrahman. Maka panggil saya Abu Mas'ud Abdurrahman Jarot. Mencoba membuat blog untuk menyalurkan tulisan yang digubah saat mondok di Ngawi atau saat ini di sela kesibukan mengajar di SDI Darul Arqom Surabaya.

Kamis, 10 November 2011

KECELEK*


Raine bingar
Lambene mesem
prasasat lintang sumunar
Enteng langkahe
Mantep atine
Lawange suwarga
Prasasat sejangkah ing ngarep mata

Bluar…..duar……
Emboh mau,endi sing kabukak menga
Lawang suwarga utawa lawang neraka
Sing jelas lobine hotel ajur
Regale greja mumur
Bathang pating gumlenthang
Kaya pindhang mateng kepanggang

Kafir utawa muslim,
Ora perduli priya utawa wanita
Sapa sing cedak
Mesthi kecandak
Bakal gumlethak
Ajur mumur kaya pudak
dipidak-pidak

Ana maneh kang lumangkah
Lakune gagah
Atine kabuncah rasa sumringah
Prasasat katiban ndaru
Mantep kaya tinampa wahyu
Kenceng tekate
Mancep imane
Paribasan suwarga arep kecawe

Gler…bler………
Embuh apa sing dirasa
Sing jelas,bangunan ajur sakkedeping netra
Ana café njleput
Ana bangunan mumut
Akeh manungsa pating jerit
Pada bluru dadi mayit

(sing sapa wonge mateni kafir mu’ahad
  dheweke tan bakal bisa mambu arume suwarga
  lan wangine suwarga wis bisa karasakake
  adohe lelaku patang puluh taun lawase**)
Apa…………………………………………………………?
Ambune wae ora?
Ampun Rabbi

Suwarga mung ono ngimpi
Sing kasil, among kapitunan ing saklumahing bumi
Sing jelas, among gawe sengsara sesami
Gawe kesruhing kahanan negari
Nikmat suwarga urusane Ilahi Rabbi
Sing genah,siksa kang nggegirisi ati
Wis ndaplang anggone ngenteni
____________________________________________________________________________
*Kecelek artine getun lan rumangsa kuciwa
**kapetik saking sabda Nabi shalallahualaihiwasallama

{Geguritan iki karakit dening Abu Qomar lan Abu Mas’ud,pengasuh ing sajroning SDI Darul Arqom Surabaya}

Tidak ada komentar:

Posting Komentar